Dasma Adiwijaya
Budayawan dan Ketua KTNA Indramayu
1. Balik sing sawah, Kebo depa ning kandang katon lungsé ambekané ngangseg. Ora suwé teka kirik, trus kebo ngomong: “Aéh sedulur, syukur mampir méné, réyang pegel pisan, lamon bisa mah sukiki réyang arep lirén padu sedina… baé”.
2. Kirik ora suwé lunga sing kandang kebo. Ning tengah dalan kirik ketemu karo kucing, trus kirik ngomong: “Mau réyang mampir ning kebo. Kebo ngomongé mah sukiki arep lirén, sebab Boss ngupai pegawéan abot pisan”.
3. Kucing kanda ning wedus: “Kebo glendeng ning Boss ngupai pegawéan abot pisan, sukiki bli arep menggawé”.
4. Wedus ketemu karo ayam, trus tutur yén kebo wis bli seneng kerja ning Boss krana ngupai pegawéané abot baé, kaya-kaya wis ana genah pegawéan sing luwih bagus.
5. Ayam ketemu karo keték, trus kanda: “Kebo wis bli arep kerja ning Boss maning, déwéké arep kerja ning tempat séjén”.
6. Lah pas bengi keték ketemu karo Si Boss, keték ngomong : “Boss, kaberan Boss kudu weruh; kebo ménékaken iki sipaté wis bli kaya mau bengén. Wis bli seneng kerja ning Boss, arep lunga ninggalaken Boss krana wis olih pegawéan ning genah séjén”.
7. Ngrungu ucapané keték, Si Boss séwot bli kejagan, bli tarén-takon maning kebo langsung disembeléh krana dianggep wis ngiyanati déwéké.
Padahal omongan kebo, “Réyang pegel pisan, sukiki arep lirén sadina baé”.




